Jumat, 18 Mei 2012

Kumpulan Do'a Bahasa Jawa

Do'a 1
Bismillahirrohmanirohim
Dhuh gusti ingkang maha kuwaos
Kanti nyebut asma panjenengan kula ngaturaken puji syukur ing ngarsa panjenengan ingkang sampun paring kesarasan ngantos dinten menika.

Dhuh Gusti Ingkang maha welas asih
Kula nyuwon ngapunten sedoyo duso lan kelepatan kulo. Sedoyo duso lan kelepatanipun Bapak ibu guru kula

Dhuh Gusti ingkang maha suci lan maha wikan.
Paringana kula tambahan iman. Supados kula saged langkung menembah dhumateng panjenengan. Paringana kula manah ingkang sae, supados kula saget ngabektos dhumateng tiyang sepuh kula, paingana kula tambahan ilmu, ingkang migunani kangge kula, supaya kula saget lulus sami biji sing sae-sae. Supados kula bisa peringkat setunggal lan bisa nyenengake tiyang sepuh kula, supados kula bisa nerusaken sekolah ingkang dhuwur.

Duh Gusti Allah
Kabulaken sedoyo panyuwunan kulai aminya robbal alamin

Do'a 2
Bismillahirrohmanirohim
Dhuh gusti ingkang maha kuwaos
Kanthi nyebut asma panjenengan kula ngaturaken puji syukur ing ngarsa panjenengan ingkang sampun paring kesarasan ngantos dinten menika.

Dhuh Gusti Ingkang maha welas asih
Kula nyuwon ngapunten sedoyo duso lan kelepatan kulo. Sedoyo duso lan kelepatanipun tiyang Bapak ibu guru kula, segala dosa lan kelepatanipun pada Bapak ibu guru kula

Dhuh Gusti ingkang maha suci lan maha wikan.
Paringana kula tambahan ilmu ingkang migunani kangge kula Supados kula saged lulus UAN kaleh biji sing sae-sae. Supados kula bisa nerusaken sekolah ingkang dhuwur, lan kula bisa nyenengaken iyang Bapak, Ibu kula.

Duh Gusti Allah
Kabulaken sedoyo panyuwunan kula, amin ya robbal alamin

Do'a 3

Bismillahirohmanirrokhim

Ashadu’ala ilahaillallah Wa’ashadhu anna muhammadar Rasulullah Allahumma Sholli’ala Muhammad Wa’ala Ali Shayidhinna Muhammad.

Dhuh Gusti Allah ingkang maha kuwaos
Kula pangaturaken puji syukur ing kula isih diparingi keselarasan ngantos dinten menika

Dhuh Gusti ingkang welas Asih
Kula nyuwun pangapura sedaya dosa lan kelepatan kula, lan sedaya ibu bapak kula, lan guru-guru kula.

Dhuh Gusti ingkang Maha Wikam
Paringi kula kesarasan lan ilmu pengetahuan sing katah lan paringi nilai sing apik ingkang sae lan bisa lulus ujian niki

Dhuh Gusti Allah
Kabulaken sedaya panyuwun kula

Rabbana athina Fiddhunya hasanah wafil akhirathi hasanah waqina adha banner.

Do'a 4
Bismillahirrahmanirrahim
Ashadu’ala ilahaillallah Wa’ashadhu anna muhammadar Rasulullah Allahumma Sholli’ala Muhammad Wa’ala Ali Shayidhinna Muhammad.

Dhuh Gusti ingkan Maha Kuwaos
Kantinyebutnamane panjenengan, kula ngaturaken puji syukur ingkang sak kathak-kathaipun, amergi sampun maringi kesarasan ngantos dinten menika kangge kula lan bapak ibu kula

Dhuh Gusti ingkang Maha Welas Asih
Kula nyuwun pangapunten sedaya dosa lan kelepatan ingkang disengaja utawi mboten disengaja

Dhuh Gusti ingkang Maha Wikan
Parengaken kula, Bapak Ibu kula lan Bapak guru kula kesarasan lan keslametan ing donyo lan akherat. Parengaken kula ilmu ingkang bermanfaat kangge kula lan warga sedaya lan parenganken kelulusan engkang danem kang duwor kangge kula lan konco-konco sedaya kang badhe Derek UAN.

Dhuh gusti Allah
Sembadani dongo kula Robbana Atina Fidunya Khasanah Wa Fil Akhiroti Khasanah Wakina Adza Bannar
Amin Ya Robbal Alamin


0 komentar:

Posting Komentar